“GENERASI PENERUS KANG
TANGGUH”
إِنّ الْحَمْدَ ِللهِ نَحْمَدُهُ
وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا
وَسَيّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ
فَلاَ هَادِيَ لَهُ أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلهَ إِلاّ اللهُ وَأَشْهَدُ أَنّ
مُحَمّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ
يَاأَيّهَا الّذَيْنَ آمَنُوْا اتّقُوا
اللهَ حَقّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنّ إِلاّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ
يَاأَيّهَا النَاسُ اتّقُوْا رَبّكُمُ
الّذِي خَلَقَكُمْ مِنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثّ
مِنْهُمَا رِجَالاً كَثِيْرًا وَنِسَاءً وَاتّقُوا اللهَ الَذِي تَسَاءَلُوْنَ
بِهِ وَاْلأَرْحَام َ إِنّ اللهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيْبًا
يَاأَيّهَا الّذِيْنَ آمَنُوْا اتّقُوا
اللهَ وَقُوْلُوْا قَوْلاً سَدِيْدًا يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ
وَيَغْفِرْلَكُمْ ذُنُوْبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللهَ وَرَسُوْلَهُ فَقَدْ فَازَ
فَوْزًا عَظِيْمًا
Jama’ah Jum’at, Rahimakumulla
.
Minangka
purwakaning atur mangga kita sesarengan muji syukur dateng ngarsa
dalem Allah, awit peparing kanugrahan lan nikmat ingkang tanpa etangan,
langkung langkung rahmat kawilujengan lan umur panjang dateng kita sedaya ,
sahingga siang punika kita tasih saget nindakaken sholat jum’at kanti tanpa
manggihi rubeda satunggal punapa.
Saklajengipun
keparenga kula ngajak dateng awak kula piyambak lan panjenengan sedaya, mangga
tansah sami netepi taqwa lan ajrih dateng Allah ing sakdengah kawontenan, sae
ing kawontenan bingah punopo dene ing kawontenan susah, longgar jembar utawi
rupeg, rame utawi sepi, terang terangan utawi sesideman, kanthi
tansah nindakaken perintah lan nebihi sedaya awisanipun Allah,
supados kita tansah pinaringan kabegjan dunya ngantos akhirat.
, Kados dawuhipun Allah :
إِنَّ
اللَّهَ مَعَ الَّذِينَ اتَّقَوْا وَالَّذِينَ هُمْ مُحْسِنُونَ
"Saktemene
Allah iku tansah anyertani wong kang pada taqwa lan wong wong kang pada agawe becik” . (QS. An
Nahl :128).
Perkawes
agung ingkang saget ndadosaken kito slamet saking Adzab neroko inggih
puniko perkawis tauhid, keimanan ingkang leres jumbuh kalian maknanipun.
Kalimat thayibah “lailaha illallah”, netepaken bilih mboten wonten sesembahan
ingkang leres dipun sembah kejawi namung Allah subhanahu wata’ala
Jama’ah
Jum’at, Rahimakumulla
Nikmat
kanugerahannipun Allah dateng kita punika katah sanget, tentu kita mboten bade
sanggup ngetang nikmat Allah, mila sampun sak mestinipun kita Syukur dumateng
Allah kanti nindakaken dawuh lan perintahipun, kados nindakaken shalat lan
ngleksanaaken ibadah.
Kito
nembe kemawon pinaringan conto ibadah ingkang sifatipun boten namung hamblu
minallah, nanging ugi bersifat hablu minannas. Inggih puniko ibadah haji (hamblu
minallah). ingkang salah satunggal
rukunipun menyembelih hewan qurban (hablu minannas).
Kito
ingkang dereng saget nindakaken haji, sebagian saking kito ingkang mampu
nindakaken korban kanti menyembelih
hewan qurban kados ingkang dipun contokaken dening Nabiyullah Ibrahim Alaihis salam.
Pangorbanan ageng saking Nabiyullah Ibrahim Alaihis salam kados ingkang kasebat
ing Al-Qur’an, punika mboten namung sekedar minangka sejarah lan carios
kemawon, ananging dados dasar syari’at ibadah korban, saha tulada tumrap kita
sedaya. Nalika panjenenganipun pinaringan pacoben dening Allah, supados
nyembelih putranipun inggih Nabi Ismail Alaihis salam, dawuh kasebat katampi
kanti sabar lan ridla, saha katindakaken kanthi ikhlas murih
karidlan saking ngarsa dalem Allah.
Jama’ah
Jum’at, Rahimakumulla
Ing
jaman sak meniko sampun katah gerakan-gerakan saking musuh-musuh islam ingkang
tujuanipun ngrisak generasi umat islam sahingga umat islam tebeh saking agami
islam. Sasaranipun inggih puniko kaum remaja/generasi muda. Sahinggo kito kedah
gatosaken faktor-faktor ingkang saget dadosaken generasi kito “Generasi penerus
Ingkang kiat”. Inggih puniko:
1.
iman sarto amal shaleh.
Iman
meniko dados landasanipun, tiang ingkang imanipun kiat bade inggil derajatipun
ing sisinipun Allah. Kito tebehaken saking keragu-raguan, kito kedah
mantebpaken kualitas keimanan kito. Iman dateng Allah, Malikat-malikatipun,
Kitab-kitab suci, Nabi saha Rasulipun, Iman dateng dinten akhir, lan Taqdir.
Meniko kedah manteb. Menawi kito sampun kiat lan jejeg imanipun kito bade dados
pribadi muslim ingang kiat. Ananging iman kemawon mboten cekap kedah dipun
tambah kalian nindakaken amal shaleh. Iman saget tambah kiat kanti
nindakaken amal shaleh, lan iman bade berkurang menawi kito nindakaken maksiat.
Firmanipun
Allah:
مَنْ عَمِلَ صَالِحًا مِنْ ذَكَرٍ أَوْ أُنْثَىٰ
وَهُوَ مُؤْمِنٌ فَلَنُحْيِيَنَّهُ حَيَاةً طَيِّبَةً ۖ وَلَنَجْزِيَنَّهُمْ
أَجْرَهُمْ بِأَحْسَنِ مَا كَانُوا يَعْمَلُونَ
Ayat
meniko nedahaken bilih tiyang ingkang iman lan nindaaken amal shaleh bade
pinaringan panggesangan ingkah thayyibah(sae) lan bade dipun bales kalian
balasan ingkang langkung sae.
2.
ilmu
Supados
pribadi kito kiat kedah remen pados ilmu, semangat belajar. Putro putri kedah
dipun bekali ilmu pengetahuan, dipun gatosaken pendidikanipun utaminipun inggih
pendidikan Agami. Pendidikan agami meniko landasan pendidikan lintunipun,saget
mbentuk karakter lan ugi ingkang saget ngendalekaken tindak lampahipun sak
mangke. Menawi kito gatosaken kenyataan jaman puniko sampun katah kejahatan,
pencurian, perampokan, tawuran, korupsi,pergaulan bebas lan lintunipun meniko
sebabipun inggih puniko tebeh saking pendidikan Agami. Tiang ingkang pinaringan
kesaenan saking Allah tondonipun inggih puniko dipun fahamaken urusan Agami,
3. shalat
Generasi
ingkang kiat saget dipun tingali saking anggenipun nindakaken shalat, menawi
tansah jagi shalat gangsal wekdal tepat waktu lan berjama’ah. meniko dados gambaran bilih tiang kolo wau
gadahi kedisiplinan ingkang kiat ing saben tindak lampahipun.
4.
Akhlaq terpuji, Aklaq ingkang terpuji bade nebihaken saking tumindak2 ingkang melanggar
paugeran. Sae paugeran agama punopodene paugeran nagari
5. Sabar ngadepi musibah/pacoben,
musibah meniko ujian. menawi kito sabar
kito bade dados tiang ingkang kiat lajeng balesan kesaenan saking Allah.
6. Tekun,
semangat
Supados
gadahi kepribadian ingkang kiat kito tingkataken ketekunan lan semangat kito
ing dalem kesaenan. Tansah semangat nindakaken aktivitas ingkang paring manfaat
kagem panggesangan kito wonten dunyo langkung2 kagem kampung akhirat kito. Menawi wonten
kesempatan kagem nindakaken kesaenan ampun ngantos dipun tunda awit kito mboten
mangertosi punopo sakmangke kito taksih gesang lan ugi ampun ngantos supe
tansah nyuwun dateng Allah sarto ampun ngantos nindakaken punopo ingkang dipun
awisi agami.
7. Bekti dateng tiyang sepuh, kanti nebihi
tumindak engkang awon sahingga dados anak ingkang shaleh. Anak shaleh meniko
paring manfaat dateng tiyang sepuh sae ing salebeting donyo lan ugi ngantos akherat
sakmangke.
8. Remen kumpul dateng
tiang shaleh
Remen
makempal dateng tiang shaleh bade paring manfaat ingkang ageng, batos kraos
tentrem lan saget termotivasi kagem nindakkaken kesaenan.
9.
prinsip ingkang kiat
Menawi
kito gadahi prinsip kesaenan ingkang kiat kito bade mboten gampil dipun ombang
ambengaken keadaan. Mboten kados “air diatas daun talas”.
Meniko
ingkang saget kito aturaken babakan faktor utawi hal-hal ingkang saget
dadosaken Generasi muda/generasi penerus dados generasi ingkang kiat mboten
gampil dipun kuasai musuh-musuh islam. Lan taksih katah sanget malih ingkang mboten
saget kito aturaken ing wekdal puniko.
Ma’asyirol
muslimin rohimani warohimakumullah
Saestu kito
kedhah ngendaleaken pergaulan poro putro.
ampun ngantos bergaul kaliyan
tiyang-tiyang ingkang awon agaminipun. Kalebet ugi pengaruh saking meneko warno
tontonan ingkang ngrisak agami, kadhos dene televisi ingkang nyiaraken tayangan
ngeblingeraken masyarakat kanti aqidah ingkang risak, lan kanti akhlak ingkang
awon. Kito ugi kedhah njagi poro putro kito saking waosan ingkang ngrisak kados
majalah-majalah pornografi, ramalan bintang, mistik lan sakpanunggalanipun. Lan
dumatheng poro jama’ah sedoyo monggo kito sesarengan nyiptaken generasi muda
ingkang kiat, ingkang dipun impi-impiaken tiang sepuh kito, sami setio tuhu dateng tiang sepuh kados Nabi
Ismail, kito tebihi sedoyo ingkang ngrisak masa depan kito kados: pergaulan
bebas, narkotika,tawuran, perjudian, minum-minuman keras (miras), lan sak pinunggalanipun.
meniko kedah kito tebihi. Supados kito saget dados generasi ingkang kuat.
Membangun agama, membangung negara menuju negara ingkang baldatun toyyibatun
warubul ghofur dengan berdasarkan Pancasila lan UUD 45
Akhiripun
monggo sami doyo-doyo ngupoyo lan dedungo supados kito dados hamba
Allah ingkang sae, saestu nindakaken pitedhah syariat islam saking Al-Quran lan Al-Hadits, tebih
saking bolo bencono ingkang nglunturaken iman, saha dipun gampilaken sedoyo urusan
kito, dipun lebetaken dateng golongan ingkang pinaringan ridhonipun Allah.
Amiin
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِى الْقُرْآنِ
الْعَظِيْمِ وَنَفَعَنِى وَاِيَّا كُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْاٰيَاتِ
وَالذِّكْرِالْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِى هٰذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ تَعَالَى
لِىْ وَلَكُمْ, فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ, وَقُلْ
رَّبِّ اغْفِرْ وَارْحَمْ وَأَنْتَ خَيْرُ الرَّاحِمِيْنَ
============
Tidak ada komentar:
Posting Komentar