MENINGGALKAN ZAKAT
اَلْحَمْدُلِلّٰهِ
اْلوَاحِدِ الْقَهَّارِ الْعَظِيْمِ الْجَبَّارِ. أَحْمَدُهُ سُبْحَاَنُه
وَتَعَالىَ اَنَاءَ اللَّيْلِ وَاَطْرَفَ النَّهَارِ. وَاَتُوْبُ اِلَيْهِ قَبْلَ
انْقِضَاءِ الْاَعْمَارِ. أَشْهَدُ أَنْ لَا اِلٰهَ اِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا
شَرِيْكَ لَهُ شَهَادَةَ تُنَجِّيْنَا مِنْ جَمِيْعِ الْاَهْوَالِ
وَالْمَشَاكِلَةِ. وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ رَسُوْلُهُ أَرْسَلَهُ
اللهُ بِالرَّحْمَةِ وَالرَّأْفَةِ. أَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى
سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اٰلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا
كَثِيْرًا أَمَّابَعْدُ: فَيَا عِبَادَ اللهِ أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِى بِتَقْوَى
اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ.
Kaum muslimin jema’ah Jum’ah Rahimakumullah
Minangka dados tiyang Islam kita dipun
dhawuhaken dening Allah supados nindakaken dhawuh-dhawuhipun Allah lan nilar
sedaya awisanipun. Kewajiban utami ingkang dipun dhawuhaken inggih punika
nindakaken rukun Islam ingkang cacahipun wonten gangsal. Inggih punika
ngucapaken kalimat syahadatain, nindakaken shalat, bayar zakat, nglampahi
shiyam Ramadhan lan haji. Inti saking rukun Islam inggih punika ngucapaken
Syahadatain, jalaran shadatain punika minangka dados fondasinipun, menawi
tiyang Islam ngakeni bilih Allah punika Pangeranipun lan Muhammad punika dados
utusanipun. Sahingga sasampunipun ngucapaken inggih kedah nindakaken
dhawuh-dhawuhipun, kanthi amal ibadah. Rasulullah SAW nate ngendika:
لَيْسَ
الْاِيْمَانُ بِالتَّمَنِّى وَلَا بِالتَّحَلِّى وَلَكِنْ مَا وَقَرَ فِى القَلْبِ
وَصَدَقَهُ الْعَمَلُ (رواهابن النجاروالديلمي
“Iman iku ora mung angen-angen lan pepahesan (ing lambe), nanging apa
kang manggon ana ing ati lan di lakoni nganggo amal ibadah”.(HR. Ibnu Najar lan
Dailami)
Allah paring dhawuh lan sampun nyiapaken
piwalesipun, kagem tiyang ingkang taat lan mituhu dhateng dhawuhipun Allah
yektos badhe dipun paringi kamulyan gesang ing dunya lan akhirat. Lan kagem
tiyang ingkang ingkar dhateng dhawuhipun Allah, yektos sampun dipun siapaken
piwales, kanthi wujud siksa ing alam akhirat samangke. Contonipun kagem tiyang
ingkang boten purun ngedalaken zakat ing mangka bandhanipun sampun langkung
saking setunggal nishab lan haulipun ugi sampun cekap, Allah sampun paring
pemut:
“Babar pisan aja nganti wong-wong kang padha
medhiti bandha kang wis kaparingake dening Allah marang dheweke kabeh saka
kanugrahane iku padha ngira yen kamedhitan iku apik tumrap dheweke kabeh.
Sajatine kamadhitan iku ala tumrap dheweke kabeh. Sejatine kamaditan iku ala
tumrap dheweke kabeh. Bandha kang di medhiti dening dheweke kabeh iku bakal
dikalungake ana ing gulune mbesuk ing dina qiyamat”. (QS. Ali Imran: 180)
Kaum muslimin jema’ah Jum’ah Rahimakumullah
Mekaten punika satuhune sifat bakhil utawi
medhit punika asring dhatengaken musibah lan bencana. Kanthi mekaten Allah
mastani tiyang bakhil punika kados tiyang ingkang musyri’, kados
pangendikanipun:
“Lan kacilakan kang gedhe tumrap wong-wong
kang padha nyekuthokake (Panjenengane), (hiya iku) wong-wong kang ora pada
ngetokake zakat lan dheweke kabeh kafir marang wujude (panguripan) akhirat”.
(QS. Fush-Shilat: 6-7)
Satuhune ing dalem bandha punika wonten
hak-hakipun kagem para fakir:
“Lan ing ndalem bandha-bandhane dhewekne kabeh ana hake kanggo wong miskin
kang nyuwun lan wong miskin kang ora oleh bagian”. (QS. Adz-dzariyat: 19)
Kaum muslimin jema’ah Jum’ah Rahimakumullah
Zakat punika dados ibadah sosial, amargi
hasilipun saget langsung dipun raosaken dening tiyang sanes, khususipun tiyang
fakir miskin, para yatim, musafir, gharim lan sanesipun. Kanthi zakat saget
nuwuhaken raos welas asih dhateng tiyang sanes, khususipun tiyang-tiyang
miskin. Sahingga piyambakipun rumaos dipun tulung dening para aghniya’, sak
terasipun para aghiniya’ ugi rumaos aman kanthi bandha ingkang dipun miliki.
Para fakir miskin punika ugi badhe ndherek ngamanaken bandhanipun, semanten ugi
doa saking para fakir miskin lan tiyang-tiyang ingkang dipun dhalimi punika
do’anipun mustajabah.
Nanging kosok wangsulipun menawi para aghniya’
punika bakhil, malah gesangipun tansah was-was, khawatir badhe ical, malah doa
saking para fakir miskin lan tiyang-tiyang ingkang dipun dhalimi punika ndonga
ingkang boten sae. Mekaten punika piwales wonten ing alam dunya, lan tentunipun
tasih kathah piwales-piwales sanes ingkang sampun kasunyatan lan dipun raosaken
dening para aghniya’.
Ing alam akhirat samangke, sedaya bandha dunya
arupi mas picis raja brana ingkang boten dipun dalaken zakatipun, badhe dipun panasaken
lan dipun gosokaken wonten badanipun.
“Lan wong-wong kang kang padha nyimpen emas
lan perak lan ora padha nafkahake marang dalan Allah, mula dhawuhna marang
dheweke kabeh (yen dheweke kabeh bakal nampa) siksa kang lara, ana ing dina mas
perak dipanasake ing geni neraka Jahannam,nuli dicosake ing bathuke dheweke
kabeh, lempengane lan gegere dheweke kabeh (banjur diunekake) marang dheweke
kabeh: “hiya iki bandha- bandha ira kang sira simpen kanggo kepentingan ira
dhewe, mula rasakna sak iki (akibat saka) apa kang sira simpen iku”. (QS.
Attaubah: 35-36)
Saterasipun wonten hadits ingkang dipun
riwayataken dening imam Buchari lan Muslim nerangaken bilih bandha ingkang
boten dipun dalaken zakatipun badhe dipun wujudaken dados seterika ingkang
sampun dipun panasi 50 ewu tahun. Menawi sampun adhem teras dipun panasi malih.
Semanten ugi ingkang kagungan kewan ternak ingkang sampun langkung setunggal
nishab boten dipun dalaleken zakatipun, benjang wonten akhirat kewanipun badhe
ngidak-idak.
Semanten ugi kagem sedaya bandha lan kasil
sanesipun, kados tanem-taneman, woh-wohan lan ugi penghasilan (gaji) ingkang
boten dipun dalaken zakatipun, benjang bandha punika badhe dipun kalungaken
wonten jangganipun ingkang arupi sawer. Rasulullah SAW ngendika:
مَنْ أَتَاهُ
اللهُ مَالًا فَلَمْ يُؤَدِّ زَكَاتَهُ مُثِّلَ لَهُ شُجَاعًا أَقْرَعَ لَهُ
زَبِيْبَتَانِ يُطَوِّقُهُ يَوْمَ الْقِيَامَةِ ثُمَّ يَأْخُذُ بِلِهْزِمَتَيْهِ
(اَىْ شِدْ قَيْهِ) ثُمَّ يَقُوْلُ: أَنَا مَالُكَ أَنَا كَنْزُكَ (رواه البخارى)
“Sapa wonge diparingi bandha dening Allah, nuli ora ngetokake zakate,
mangka bandha iku bakal didadekake ula kang ndase plontos, duweni racun werna
loro kang bakal dikalungake marang wong kang duwe bandha kang ora di tokaken
zakate ing dina qiyamat. Nuli ula iku nyokot karo kanda “aku iki bandhamu akau
iku simpenanmu”. (HR. Buchari)
Mekaten punika ing antawis piwales kagem
tiyang ingkang boten nindakaken dhawuhipun Allah, khususipun kagem tiyang
ingkang boten purun ngedalaken zakat, saking bandha lan kasilipun. Akhiripun
mugi-mugi kita dipun tebihaken saking sifat bakhil, amin.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar