Jumat, 08 September 2023

Khotbah Jum'at Basa Jawa " Generasi Penerus Kang Tangguh"

 

 “GENERASI PENERUS KANG TANGGUH”

 

إِنّ الْحَمْدَ ِللهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَسَيّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلهَ إِلاّ اللهُ وَأَشْهَدُ أَنّ مُحَمّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ

يَاأَيّهَا الّذَيْنَ آمَنُوْا اتّقُوا اللهَ حَقّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنّ إِلاّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ

يَاأَيّهَا النَاسُ اتّقُوْا رَبّكُمُ الّذِي خَلَقَكُمْ مِنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثّ مِنْهُمَا رِجَالاً كَثِيْرًا وَنِسَاءً وَاتّقُوا اللهَ الَذِي تَسَاءَلُوْنَ بِهِ وَاْلأَرْحَام َ إِنّ اللهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيْبًا

 

يَاأَيّهَا الّذِيْنَ آمَنُوْا اتّقُوا اللهَ وَقُوْلُوْا قَوْلاً سَدِيْدًا يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْلَكُمْ ذُنُوْبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللهَ وَرَسُوْلَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيْمًا

 

Jama’ah Jum’at, Rahimakumulla

.

Minangka purwakaning atur mangga kita sesarengan muji syukur dateng ngarsa dalem Allah, awit peparing kanugrahan lan nikmat ingkang tanpa etangan, langkung langkung rahmat kawilujengan lan umur panjang dateng kita sedaya , sahingga siang punika kita tasih saget nindakaken sholat jum’at kanti tanpa manggihi rubeda satunggal punapa.

 

Saklajengipun keparenga kula ngajak dateng awak kula piyambak lan panjenengan sedaya, mangga tansah sami netepi taqwa lan ajrih dateng Allah ing sakdengah kawontenan, sae ing kawontenan bingah punopo dene ing kawontenan susah, longgar jembar utawi rupeg, rame utawi sepi, terang terangan utawi sesideman,  kanthi tansah  nindakaken perintah lan nebihi sedaya awisanipun Allah, supados kita tansah pinaringan kabegjan  dunya ngantos akhirat. ,  Kados dawuhipun Allah :

إِنَّ اللَّهَ مَعَ الَّذِينَ اتَّقَوْا وَالَّذِينَ هُمْ مُحْسِنُونَ

"Saktemene Allah iku tansah anyertani wong kang pada taqwa  lan wong wong kang pada agawe becik” . (QS. An Nahl :128).

 

Perkawes agung ingkang saget ndadosaken kito slamet saking Adzab neroko inggih puniko perkawis tauhid, keimanan ingkang leres jumbuh kalian maknanipun. Kalimat thayibah “lailaha illallah”, netepaken bilih mboten wonten sesembahan ingkang leres dipun sembah kejawi namung Allah subhanahu wata’ala

 

Jama’ah Jum’at, Rahimakumulla

 

Nikmat kanugerahannipun Allah dateng kita punika katah sanget, tentu kita mboten bade sanggup ngetang nikmat Allah, mila sampun sak mestinipun kita Syukur dumateng Allah kanti nindakaken dawuh lan perintahipun, kados nindakaken shalat lan ngleksanaaken ibadah.

Kito nembe kemawon pinaringan conto ibadah ingkang sifatipun boten namung hamblu minallah, nanging ugi bersifat hablu minannas. Inggih puniko ibadah haji (hamblu minallah).  ingkang salah satunggal rukunipun menyembelih hewan qurban (hablu minannas).

Kito ingkang dereng saget nindakaken haji, sebagian saking kito ingkang mampu nindakaken  korban kanti menyembelih hewan qurban kados ingkang dipun contokaken dening Nabiyullah Ibrahim Alaihis salam. Pangorbanan ageng saking Nabiyullah Ibrahim Alaihis salam kados ingkang kasebat ing Al-Qur’an, punika mboten namung sekedar minangka sejarah lan carios kemawon, ananging dados dasar syari’at ibadah korban, saha tulada tumrap kita sedaya. Nalika panjenenganipun pinaringan pacoben dening Allah, supados nyembelih putranipun inggih Nabi Ismail Alaihis salam, dawuh kasebat katampi kanti sabar  lan ridla, saha katindakaken kanthi ikhlas murih karidlan saking ngarsa dalem Allah.

 

Jama’ah Jum’at, Rahimakumulla

Ing jaman sak meniko sampun katah gerakan-gerakan saking musuh-musuh islam ingkang tujuanipun ngrisak generasi umat islam sahingga umat islam tebeh saking agami islam. Sasaranipun inggih puniko kaum remaja/generasi muda. Sahinggo kito kedah gatosaken faktor-faktor ingkang saget dadosaken generasi kito “Generasi penerus Ingkang kiat”. Inggih puniko:

1.       iman sarto amal shaleh.

Iman meniko dados landasanipun, tiang ingkang imanipun kiat bade inggil derajatipun ing sisinipun Allah. Kito tebehaken saking keragu-raguan, kito kedah mantebpaken kualitas keimanan kito. Iman dateng Allah, Malikat-malikatipun, Kitab-kitab suci, Nabi saha Rasulipun, Iman dateng dinten akhir, lan Taqdir. Meniko kedah manteb. Menawi kito sampun kiat lan jejeg imanipun kito bade dados pribadi muslim ingang kiat. Ananging iman kemawon mboten cekap kedah dipun tambah kalian  nindakaken amal shaleh. Iman saget tambah kiat kanti nindakaken amal shaleh, lan iman bade berkurang menawi kito nindakaken maksiat.

Firmanipun Allah:

مَنْ عَمِلَ صَالِحًا مِنْ ذَكَرٍ أَوْ أُنْثَىٰ وَهُوَ مُؤْمِنٌ فَلَنُحْيِيَنَّهُ حَيَاةً طَيِّبَةً ۖ وَلَنَجْزِيَنَّهُمْ أَجْرَهُمْ بِأَحْسَنِ مَا كَانُوا يَعْمَلُونَ

Ayat meniko nedahaken bilih tiyang ingkang iman lan nindaaken amal shaleh bade pinaringan panggesangan ingkah thayyibah(sae) lan bade dipun bales kalian balasan ingkang langkung sae.

 

2.       ilmu

Supados pribadi kito kiat kedah remen pados ilmu, semangat belajar. Putro putri kedah dipun bekali ilmu pengetahuan, dipun gatosaken pendidikanipun utaminipun inggih pendidikan Agami. Pendidikan agami meniko landasan pendidikan lintunipun,saget mbentuk karakter lan ugi ingkang saget ngendalekaken tindak lampahipun sak mangke. Menawi kito gatosaken kenyataan jaman puniko sampun katah kejahatan, pencurian, perampokan, tawuran, korupsi,pergaulan bebas lan lintunipun meniko sebabipun inggih puniko tebeh saking pendidikan Agami. Tiang ingkang pinaringan kesaenan saking Allah tondonipun inggih puniko dipun fahamaken urusan Agami,

 

3.       shalat

Generasi ingkang kiat saget dipun tingali saking anggenipun nindakaken shalat, menawi tansah jagi shalat gangsal wekdal tepat waktu lan berjama’ah.  meniko dados gambaran bilih tiang kolo wau gadahi kedisiplinan ingkang kiat ing saben tindak lampahipun.

4.       Akhlaq terpuji, Aklaq ingkang terpuji bade nebihaken saking tumindak2 ingkang melanggar paugeran. Sae paugeran agama punopodene paugeran nagari

5.      Sabar ngadepi musibah/pacoben, musibah meniko ujian.  menawi kito sabar kito bade dados tiang ingkang kiat lajeng balesan kesaenan saking Allah.

6.      Tekun, semangat

Supados gadahi kepribadian ingkang kiat kito tingkataken ketekunan lan semangat kito ing dalem kesaenan. Tansah semangat nindakaken aktivitas ingkang paring manfaat kagem panggesangan kito wonten dunyo langkung2  kagem kampung akhirat kito. Menawi wonten kesempatan kagem nindakaken kesaenan ampun ngantos dipun tunda awit kito mboten mangertosi punopo sakmangke kito taksih gesang lan ugi ampun ngantos supe tansah nyuwun dateng Allah sarto ampun ngantos nindakaken punopo ingkang dipun awisi agami.

7.      Bekti dateng tiyang sepuh, kanti nebihi tumindak engkang awon sahingga dados anak ingkang shaleh. Anak shaleh meniko paring manfaat dateng tiyang sepuh sae ing salebeting donyo lan ugi ngantos akherat sakmangke.

8.      Remen kumpul dateng tiang shaleh

Remen makempal dateng tiang shaleh bade paring manfaat ingkang ageng, batos kraos tentrem lan saget termotivasi kagem nindakkaken kesaenan.

9.       prinsip ingkang kiat

Menawi kito gadahi prinsip kesaenan ingkang kiat kito bade mboten gampil dipun ombang ambengaken keadaan. Mboten kados “air diatas daun talas”.

 

Meniko ingkang saget kito aturaken babakan faktor utawi hal-hal ingkang saget dadosaken Generasi muda/generasi penerus dados generasi ingkang kiat mboten gampil dipun kuasai musuh-musuh islam. Lan taksih katah sanget malih ingkang mboten saget kito aturaken ing wekdal puniko.

 

Ma’asyirol muslimin rohimani warohimakumullah

Saestu kito kedhah  ngendaleaken pergaulan poro putro.  ampun ngantos bergaul kaliyan tiyang-tiyang ingkang awon agaminipun. Kalebet ugi pengaruh saking meneko warno tontonan ingkang ngrisak agami, kadhos dene televisi ingkang nyiaraken tayangan ngeblingeraken masyarakat kanti aqidah ingkang risak, lan kanti akhlak ingkang awon. Kito ugi kedhah njagi poro putro kito saking waosan ingkang ngrisak kados majalah-majalah pornografi, ramalan bintang, mistik lan sakpanunggalanipun. Lan dumatheng poro jama’ah sedoyo monggo kito sesarengan nyiptaken generasi muda ingkang kiat, ingkang dipun impi-impiaken tiang sepuh kito,  sami setio tuhu dateng tiang sepuh kados Nabi Ismail, kito tebihi sedoyo ingkang ngrisak masa depan kito kados: pergaulan bebas, narkotika,tawuran, perjudian, minum-minuman keras (miras), lan sak pinunggalanipun. meniko kedah kito tebihi. Supados kito saget dados generasi ingkang kuat. Membangun agama, membangung negara menuju negara ingkang baldatun toyyibatun warubul ghofur dengan berdasarkan Pancasila lan UUD 45

Akhiripun monggo sami doyo-doyo ngupoyo lan dedungo supados kito dados hamba Allah  ingkang sae, saestu nindakaken  pitedhah syariat  islam saking Al-Quran lan Al-Hadits, tebih saking bolo bencono ingkang nglunturaken iman, saha dipun gampilaken sedoyo urusan kito, dipun lebetaken dateng golongan ingkang pinaringan ridhonipun Allah. Amiin

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِى الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ وَنَفَعَنِى وَاِيَّا كُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْاٰيَاتِ وَالذِّكْرِالْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِى هٰذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ تَعَالَى لِىْ وَلَكُمْ, فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ, وَقُلْ رَّبِّ اغْفِرْ وَارْحَمْ وَأَنْتَ خَيْرُ الرَّاحِمِيْنَ

============